UYON - UYON
Uyon-uyon saking tembung manguyu-uyu inggih menika
pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing
pagelaran ringgit purwa.
KASUSASTRAN
KANG TINEMU ING GENDHING
1. Cakepan
Inggih punika
syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok
Inggih punika
lak-lking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing
Inggih punika
lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan
Inggih punika
piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata : bonang, kendhang, gong kempul,
gender, gong gedhe,peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab,
siter, lsp.
5. Laras
Inggih punika
rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi Laras
Inggih punika
angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet
Inggih punika
ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan
Inggih punika
pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben lirik.
9. Senggakan
Inggih punika
unen – unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning
gendhing/pradangga.
10. Swarawati
Inggih punika waranggana, pesindhen,
penyanyi putri.
11. Wiraswara
Inggih punika
pwnyanyi kakung.
12. Gerong
Inggih punika tembang
kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong
para wiraswara/pradangga.
13. Sindhenan
Inggih punika
tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung
swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
14. Irama
Inggih punika
ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa
Inggih punika
tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka
Inggih punika
tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17. Blimbingan
Inggh punika
wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo
lingiran (penampang trapesium).
18. Niyaga
Inggih punika
paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
19. Paniti
Inggih punika
paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis
gangsa.
20. Karawitan
Inggih punika
gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge
ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, ludrug,lsp.)
21. Waranggana
Inggih punika
wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembungan/ sindhenan.
22. Saprangkat
Inggih punika
gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
23. Sapangkon
Inggih punika
namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
24. Cokekan
Inggih punika
pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan,
Siter, Gong Kemodhong.
25. Alusan
Inggih punika
Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
26. Balungan
Inggih punika
Demung, Saron, Peking.
KAWRUH BUDAYA
GAMELAN KARAWITAN
A. Pangertosan
Miturut Baoesastra Dajawa W.J.S Poerwadarminta, Gamelan inggih punika arane
tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender,lsp). Bahan sing
biasane dianggo nggawe gamelan arupa Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga
lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining
jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan
sebageyan Jawa Wetan.
B. Ricikan
Gamelan
Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara
nabuh gamelan.
1. Wujud Tebokan
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang
sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga
ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan
kendhang satunggal inggih punika kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan
kendhang kalih inggih punika kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang
ketipung (kendhang loro)
|
|
Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku
kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing
kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara
ketipung iki padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka
carane nabuh kang beda-beda.
|
|
Kendhang batangan utawa kendang ciblon iku kendhang
sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kenhang ageng lan
kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang iki uga umum disebut kendhang ciblon. Kendhang ciblon biasane
ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing. Swara kendhang batangan
padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh
kang bedabeda.
|
|
Kendang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku
kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing ciblon.
Kendhang sabet ngasilake swara kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.
|
2. Wujud Wilahan
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing
papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur
gema swarane. tabung/ silinder iku umume digawe saka pring lan wesi tipis.
Wujude meh padha karo slenthem.
|
|
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang
ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron)
|
|
Wujud gambang meh padha sron ning luwih gedhe tur
dawa lan wilahane digawe saka kayu. Ukurane wilah gambang udakara 29 cm
nganti 58 cm. Wilah ang luwih gedhe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe
wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
|
|
Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang
kasusun sandhuwure rancakan kayu. Saron Demung iku jinis saron kang paling
gedhe ukurane. Wilah saron demung iku paling gedhe ing kelompok saron
(Balungan) inggih punika ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm. Ing
kelompok saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek.
|
|
Saron Barung utawa Saron Ricik iku prangkat gamelan
jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung. wilah
saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron penerus ning luwih cilik
dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih
cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhing saron
demung.
|
|
Saron Penerus (Peking) iku jinis saron kang paling
cilik. Wilah saron penerus iku luwih cilik tinimbang saron barung lan demung,
nanging wilahane luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih
cilik. Wilah saron penerus kang paling cilik dhewe watara 18 cm lan amba 4
cm. Saron Penerus ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhingake karo
saron barung.
|
3. Wujud Wilahan Pencon
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Gong kemodhong iku gong wujud wilahan ngangge pencu,
dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik, dipunpantheng dhateng
rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator. Padatan
sarancak cacah 2 wilah dipuntabuh teturutan. Tabuhipun sinebat gembel.
|
|
Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake
ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing
pagelaran karawitan
|
4. Wujud Pencon
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang
wujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan
slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10
utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana
14. Wujude bonang iku ana 3, inggih punika bonang panembung kang awujud
paling gedhe, bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung,
lan bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud
pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter bonang siji lan sijine.
Bonang kang asring kanggo mbukani gendhing inggih punika bonang barung.
|
|
Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud
pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong
lan bonang. Rancakan kethuk kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.
|
|
Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang
kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang,
lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong nduwe
ukuran sing paling gedhe.
|
|
Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat
gong. Kempul iki cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke
kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake
swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik
swarane luwih dhuwur maneh.
|
|
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe
saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Piranti iki biasane dipapanake
ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe.
Ana loro jinis gong inggih punika Gong Ageng lan Gong Suwuk. Wujude bunder,
permukane rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwe swara kang
gedhe dhewe lan nadhane paling cendhek timbang nadha piranti gamelan
liyane.
Gong Ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan
kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci.
Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang
ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter
50 nganti 60 cm.
|
5. Wujud Kawatan
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara
nabuhe dikosok (gesek). Rebab iki gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu,
lan uga kanggo mbukani gendhing.
|
|
Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe
dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Celempung iki
bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan. Ukuran celempung dawane
kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga. Dadi, dibandhing siter, celempung iku
kira-kira ping telu luwih dawa. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter
cendheke.
|
6. Wujud Pipa
Nama/Gambar
|
Pangertosan
|
Suling iku kalebu piranti musik kang disebul,
fungsine kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka
bahan pring, dawane kira-kira setengah meter. Swara suling diasilake saka
rongga angin digeterake liwat sebulan angin. Frekuensi gelombange gumantung
karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
|
|
Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude
memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan
|
Sumber :
Modul Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar