Super Kawaii Cute Cat Kaoani

Sabtu, 20 Mei 2017

KAWRUH PAWARTOS



PAWARTOS

A.   Pangertosan
Miturut Baoesastra Djawa Pawartos W. J. S Poerwadarminta Pawartos inggih menika :
    Karangan ingkang saged maringi kabar utawi warta babagan sawijining      kahanan.
   Prastawa utawi kedadosan ingkang nembe dumados wonten ing sawijining papan panggenan ingkang taksih dados rumaosing tiyang kathah.
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
B.   Unsur –Unsur Pawartos
Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H inggih menika
Ø Who   (Sinten)                 : Sinten ingkang tumindak
Ø What (Menapa)                : Menapa ingkang dipuntindakaken
Ø When (Kapan)                   : Kapan kedadean menika katindakaken
Ø Where(wonten pundi)        : Wonten pundi papanipun
Ø Why   (Kenging menapa)    : Kenging menapa saged tumindak kados menika
Ø How    (Kadospundi)          : Kadospundi caranipun

C.   Jinis Pawartos
1.   Pawartos Langsung (Straight news)
2.  Pawartos Mendalam (Depth news)
3.  Pawartos Opini (Opini news)
4.  Pawartos Photo

D.   Struktur Panyeratan Pawartos
1.   Irah – irah (Head)
2.  Baris tengah (Dateline)
3.  Teras pawartos (Lead)
4.  Wos pawartos (Body)

E.   Prinsip Panyeratanipun Pawartos
Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika Aktual, Faktual, Wigati, saha narik kawigaten.

Pawartos minangka kadadosan ingkang dipunwartakaken. Pawartos menika saged arupi lesan utawi tulisan. Lesan ateges pawartos menika saged dipunwartakaken dening tiyang sanes kangge pamiyarsa  lumantar  swara. Lesan adatipun dipungiyaraken lumantar radio, TV utawi dipunwaos lugas. Seratan pawartos menika limrahipun kapacak wonen ing kalawarti perangan ingkang nemtokake bobot biji pawarta inggih menika :
1.     Aktualitas
2.    Sesambetan kaliyan papan kedadosan
3.    Sesambetan kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing sklebetipun kedadosan
4.    Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/pamiyarsa
5.    Jangkepipun pawarta

Tansaya kathah ginanipun pawartos menika tumrap tiyang sanes, sansaya mundhak inggil mesthinipun saged nambah pamanggih saha seserepan tumrap basa, budaya saha sastra jawa. Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
1.     Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
2.    Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
3.    Nyathet informasi ingkang leres saha premati
Sakbibaripun para pamiarsa mirengaken pawartos dipunajab para pamiarsa saged ndamel dudutan saking pawartos ingkang dipunsemak, dudutannipun inggih menika rumusan cekak saking kalih utawi langkung perkawis ingkang dipunrembag. Mendhet dudutannipun pawartos tegesipun nanggepi wos ingkang wonten ing pawartos. Nalika maringi panyaruh saged ngaturaken pamanggih sarujuk utawi boten sarujuk dhumateng pawartos ingkang nembe dipunpirengaken.

Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
1.  Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
2.    Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.  Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami
4.    Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan)
Paring panyaruh pawartos menika kedah evaluatif saha objektif. Evaluatif tegesipun paring pambaji, Objektif tegesipun pawartos ingkang dipuntampi kanthi sakwontenipun.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawartos inggih punika :
1.     Pocapan (lafal) : nggatosaken vokal, konsonan.
2.    Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggilipun swara/nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipunmirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.    Pandeleging netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5.    Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres.

Tuladhanipun pawartos :
 


Udan Angin, Puluhan Wit Ambruk
Diposting oleh Sendra Tari di 20.41

Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman, dina kamis sonten (5/1/2017).
Kepala posko lapangan ing balai dhusun sumberadi, kecamatan mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit. "Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan seyegan," ture Totok, jemuwah (6/1/2017).
        Kedadosan kesebat kedadean ing sonten dinten menjelang dalu, mila upaya ingkang saget  piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
        Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah (6/1/2017) enjang ngantos sonten.
 "Akhiripun, dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati. Tindakan ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.
         Ngantos jemuwah siyang, Totok nyabaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun.
Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.
"Kendalane nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasanne punika sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo ingkang dipunginakaken konjuk pamanahan keluarga," bacute.
         Sewentara punika, Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY, Danang Samsurizal mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kitha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.
"Konjuk wilayah kitha Yogyakarta, kabupaten bantul, kabupaten kulonprogo uga kabupaten gunungkidul lajeng dipuntangani saking BPBD sapanggen," pajaripun.
         Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kitha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel pln ingkang pedot.
         Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.
         Ing dina punika jawah dipunmaweni angin kencang wangsul nempuh sakunjukan wilayah sleman, senin (9/1/2017) siyang. Sawilangan wit ambruk dipuntempuh angin. Setunggal dipunantawisipun kedadosan ing dusun bangunrejo tridadi sleman. Warga sekitar, kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk.
"Enten gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal ngengingi kandang," turene.
Kala niki sawilangan warga gotong-royong konjuk ngevakuasi pamitan kesebat.



















Sumber :
Modul Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017 








Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KAWRUH CERKAK

Cerita Cekak Cerita cekak   utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, inggih punika setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita ceka...