SESORAH
A. Pangertosan
Sesorah utawi pidatho, ugi sinebat medhar sabda inggih menika
nglairaken gagasan, pemanggih utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging
tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados
dados panata titi laksana menika ugi
kalebet ewoning tiyang sesorah utawi pidatho, anamung beda jejibahan. Pidhato
utawi wicanten ing sangajenging tiyang kathah menika boten gampil, pramila
kedah nggadhahi sangu saha remen gladhen utawi latihan.
B. Jinisipun Sesorah
1. Sesorah kanthi Cara
(Model) Apalan
Sesorah
cara menikasaderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken
tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan chatetan. Pramila cara menika asring
dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2. Sesorah kanthi Cara (Model)
Naskah utawi Teks
Sesorah
cara naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks
utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara
menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari,
mliginipun ing upacara-upacara resmi.
3. Sesorah kanthi Cara
(Model) Dadakan utawi Impromtum
Sesorah
cara dadakan menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menwi badhe
dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
4. Sesorah kanthi Cara
(Model) Eksemporan
Sesorah
cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi
pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikaken. Chatetan mau namung
wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun ngendikaken.
C. Ingkang Dipungatosaken Nalika
Sesorah
Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka
pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah minika dados punjering
kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken :
1. Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busana
kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing aicara menapa ingkang badhe
dipunayahi. Umpanipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem
busana kejawen jangkep. Ewa semanten ngagem busana sanesipun ingih boten lepat
bokbilih kepanggih “kok Ngijeni”. Nanging inggih tansah kagatosna bab
trapsilaning ngrasuk busana.
2. Subasita (Trapsila, Tata
Krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi
badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah
bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng ,
manteb, nanging boten kaken. Pramila menika saged gladhen wonten ing
sangajengipun pengilon ingkang ageng, mangke badhe manggihi patrap ingkang
luwes tuwin pantes. Saha kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, saged
nggambraken wosing penggalih, ingkng salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3. Swara (Vokal, Basa
Pupoler)
Kedaling lesan kedah kagladhi,
supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi,
kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi
cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun nggantos
kesesa, nanging ugi sampun ngantos
nglentreh sanget. Gladhi swara menika kedah pikantuk kawigatosan ingkang
mirunggan. Pramila menika kaaturi gladhi sarana ngendika sakathah-kathahipun,
kados saweg dados pranatacara utawi pamedhar sabda ing sawenehing acara. Sokur
menawi saged dipunrekam, lajeng dipunpirengaken saha dipungatosaken pundi
ingkang taksih kirang. Bab menika
kaambali nggantos kaireng sakaca.
4. Basa tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserepan ing
babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumraping
pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut
tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun
dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Manggihi
jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang prasaja kemawon.
Ringkesipun
basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
a.
Sinten ingkang gineman
b.
Snten ingkang dipunjak
gineman
c.
Sinten ingkang dipun ginem
d.
Swasana nalikanipun
gineman
e.
Sami mangertosi ingkang
dipunginem.
Kanthi
mekaten juru paniti laksita uga kedah mangertos, kejawi trep pamilihing tembung
ugi boten kesupen dhateng pramasastraJawa mlingginipun prekawis saha
unggah-ungguh saha swasana nalika ngayahi jejibahan. Kedah saged mbedakaken
basa lan swasana.
Pramila
boten leres menawi dados juru sesorah saha panitilaksana ngginakaken basa
apalan, nanging kedah mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg
pangandikan, stemah saged mulur mungket ngengeti swasana, wekdal saha
kabetahanipun.
Perkawis-perkawis
ingkang kedah dipungatosaken, inggih punika :
1.
Jumeneng kanthi singrak
tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri
2.
Asta ngapurancang, sarira
radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
3.
Polatan katingal sumeh, namung
mboten katingal kadamel-damel
4.
Mriksani dhumateng para pamirsa
kanthi trapsila
5. Penggalih dipunsarehaken,
supados suwanten mboten kepireng ndredheg
6. Wiramaning wicara ingkang
cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7.
Suwanten mboten perli
sora, ingkang cekapan ananging wijang
8. Ngagem basa ingkang alus,
ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil dipunsuraos
dening ingkang midhangetaken
9.
Pangandikan mboten perlu
muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa ingkang badhe
dipunkajengaken.
Wonten babaga ingkang
kedah dipungatosaken ngengingi bab rantamaning sesorah, antawisipun :
1.
Salam Pambuka (manut
kapitadosan saha swasananipun)
2.
Purwaka, inggih menika ngujukaken
puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta
ingkang mbiyantu lampahing adicara
3.
Surasaning basa/ isi/ wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken
4. Dudutan (simpulan), inggih menika inti sarining wedharan
pangajeng-ajeng inggih menika bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang
nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng
5.
Wasana, inggih menika atur
anuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan
Tuladhanipun Sesorah :
Tuladhanipun Sesorah :
Sesorah Sumpah
Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala
Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri
11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng
Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat
satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih
saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih,
nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya
saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan
sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia
mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan
sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa
ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados
bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air
satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa
satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa
satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha
panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem
mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata
tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi
jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda
kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang
saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila
cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula
tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten
Kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur
Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami
taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan
taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan
dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula
badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa
kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi
kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni
dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados
saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal
17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka
dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik
Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge
kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami
kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur
menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal
RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja
bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang
dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha
krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan
wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila
saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi
nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang
langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah
anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten
klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten
Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala
Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11
Sembada ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga
kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking
kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan
pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala
Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha
panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah
ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu
luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya
ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun
bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala
Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca
ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi
raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah
makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking
pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha
ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga
para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu
Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika
ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang
prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi
wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah,
asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun
agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sumber :
Modul Basa Jawa SMA/MA/SMK/ Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017

Tidak ada komentar:
Posting Komentar