Cerita Cekak
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, inggih
punika setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika
ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing
kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella (kanthi teges
modern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken
teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi
langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut
sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang
misuwur. Cariyos – cariyos kasebat limrahipun kaandharaken kanthi wujud
geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat gadhah paedah minangka
piranti kangge tetulung supados tiyang saged ngenget-enget cariyosipun.
Perangan cekak saking cariyos – cariyos punika punjeripun aking perangan
naratif ingkang kaandharaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak. Sedaya
cariyosipun nembe kemawon saged dipunmangertosi rikala sedaya cariyos punika
sampun dipuncariyosaken.
Cerita
cekak limrahipun kirang kompleks tinimbang Novel. Cerkak ingkang limrah
cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal
plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga utawi winates,
cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung
wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih
punika Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku),
Komplikasi (Kadadosan ing salebeting
cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken
paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik), klimaks (punjering
cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), wasana (peranganing
cariyos rikala konflik saged karampungaken).
Cerkak
saged gadhah pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos – cariyos ingkang
langkung panjang, plot saking cerkak ugi gadhah klimaks. Ananging pungkasnipun
cariyos saking saperangan cerkak limrahipun mardika saha saged ugi ngandhut
piweling. Titikan cerkak beda – beda miturut ingkang ngganggit.
Cerkak gadhah kalih unsur ingguh
punika :
A. Unsur Intrinsik
Unsur
intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salabeting cerkak piyambak.
Ingkang kalebet unsur intrinsik :
1. Tema
Tema inggih punika underaning cariyos ingkang
dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
2. Latar (Setting)
Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana
ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi
kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala
kadadosan kasebat kalampahan
a.
Latar Papan, tuladha : Omah, kebon, kamar, sawah,
lsp.
b.
Latar wekdal, tuladha : Ing wulan Oktober, enjing,
ndalu, lsp.
c.
Latar Kawontenan, tuladha : rame, sepi, emosi, bungah,
sedhih, lsp.
3. Alur (Plot)
Alur inggih punika reroncening kadadosan ingkang
wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih punika :
a.
Alur Maju inggih punika reroncening kedadosan
ingang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing
cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.
Alur Mundur inggih punika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten
miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
c.
Alur Campuran inggih punika campuran antawisipun
alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang dados pinten-pinten
tataran, inggih punika :
a.
Pangantar inggih
punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha
kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
b.
Wiwitaning
prekawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran
prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
c.
Klimaks inggih
punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.
Antiklimaks inggih
punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos
sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.
Resolusi inggih
punika prekawis sampun saged karampungaken.
4. Watak
Watak inggih punika gegambaran watak utawi
karakter paraga – paraga ingkang wonten in cariyos, bab watak punika saged
dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika :
a.
Pacelathon paraga
b.
Gegambaraning paraga
c.
Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge
nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun
ngginakaken teknik :
a.
Teknk
Analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi angsung dening
panyerat.
b.
Teknik
Dramatik, watak-wanuning paraga kagambaraken kanthi :
Ø Nggambaraken
bab badan saha tindak-tandukipun
Ø Nggambaraken
lingkungan gesangipun paraga
Ø Basa ingkang
kaginakaken paraga
Ø Cara anggenipun
mikir saking paraga
Ø Cara wontenipun
paraga sanes
5. Nilai (amanat)/ piwulang luhur
Amanat inggih punika piweling ingkang badhe
kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe
kaparingakendhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6. Cara panyerat nyariyosaken (sudut pandang /
point of view)
Inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala
nyariyosaken. Point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
a.
Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndherek
minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b.
Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka
dhalang ing cariyosipun.
7. Gaya Bahasa/lelewaning basa
B. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik
inggih punika unsur-unsur ingkang wotenipun ing sanjawinipun cariyos ananging
gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik
punika :
1.
Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami,
kabudayan, politik, ekonomi)
2.
Latar belakang gesangipun panganggit
3.
Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Tuladhanipun Cerkak :
Asem Kecut Tenan
Dening Narko "Sodrun" Budiman
Asem kecut, gula legi. Kabeh pawongan ngerti rasa ngono kuwi. Nanging ternbung asem kecut, sing jane pancen kecut tenan kuwi, taknggo ngganti tembung sing aku ora tau ngucapake. Yen ta Mas Aming Mojokerto sing sabane Taman Budaya Jatim kae asring muni cak-cuk, kuwi wis biyasa. Upama Mas Suryadi WS bos villa ing Trucuk-Klatenkae biyasane muni subhanallah, utawa Pak Wig Talun kae muni diampit, uga wis biyasa. Nanging aku ora kulina muni ngona-ngono kuwi. Pisuhku ya: “asem kecut”
Lire, nggonku muni asem kecut kuwi kabeh ora bisa nyrekal. Yen gula pancen legi rasane. Uga ora ana sing ngeyel. Nyapa aku kok kudu misuh ngono kuwi? Upama njenengan kuwi dadi aku, takkira ya bakal rnisuh-misuh. Embuh nggae pisuhane Mas Aming, unine Mas Suryadi, apa tembunge Pak Wig Talun.
Limang sasian kepungkur aku sinengkake ngaluhur jejer kepala bagian ing kantorku. Mbawahi pirang-pirang kepala seksi. Sejatine aku biyen uga salah sijine kepala seksi ing bagian iki, njur krana faktor jimat “Mbah Bejo” aku duwe eselon. Jane nitik prestasi kerjaku sasuwene kur-kuran taun ngabdi negara tanpa cacat iki, mesthine faktor layak tur pantes uga dadi bahan lelimbangan. Ra apa-apa lek dibedhek aku ada main sogok sana-sini. Sing baku saiki aku cekel panguwasa kepala bagian thik mbawahi staf. Jabatan sing tansah dadi rebutan Ian idham-idhaman para staf sing pengin pangkat, drajat Ian semat. Mula iya kudu taktandangi kanthi niyat tulus ikhlas memayu hayuning bangsa Ian negara. Ngono. Tenan iki. Sumpah! Aja nyebek sik, ketara elek Iho. Asem kecut tenan lek kokcebeki.
Sing jeneng hobi aliyas kesenengan tanpa wates marang kesenian kuwi kawit biyen taklakoni. Seni tayub, jaranan,nembang, reyog, Ian krawitan. Kesenian sing wis mbalung sungsum jroning jiwa ragaku kuwi saiki pranyata muncul maneh. Kamangka ora slaras karo penggaweyan dhinesku saben dina. Ngopeni grup jaranan Ian reyog kendhang neng lingkunganku wis ket biyen. Krawitan ya mung kala-kala wae latihan. Maklum, taun wolung puluh biyen aku tau kuliyah neng STKW sakelas karo Pak Jarianto Ian Mas Katno. Lelorone saiki dadi pejabat provinsi. Ra sombong. Kampuse nalika kuwi jik ana kompleke STM Pembangunan, cedhake RS Dr Sutomo. Hla pondhokanku ana Kedungtarukan Baru. Jik akeh rawane. Ra kaya saiki wis akeh omah mewah Ian bangunan liyane.
Saiki yen nayub ya wis rada duwe isin. Njoged awor tledhek ayu-ayu Ian semog ngono kuwi mung bisa muni asem kecut tenan. Ngepasi nekani undangan utawa becekan wae aku njoged tayub. Aku wis ora wani ngombe bir nganti mendem apa maneh nganti teler. Akhire ndlosor neng ngisor kemben jarite tledhek kaya biyen. Hehe. .asem kecut tenan yen kokguyu.
Yen nembang, saiki tembangku wis dudu tembang macapat bangsane Kinanthi Ian Dhandhanggula. Dudu Bapak Pucung cangkemmu madhep mendhuwur maneh. Asem kecut tenan, njenengan aja misuhi aku lho? Yen wis dadi pejabat kuwi kudu bisa menyanyi dudu menembang. Hehehee.. asem kecut, bedane apa ta? Menyanyi kuwi ya bangsane lagu-lagu pop, rock, jazz tekan jaranan dhangdut. Ra apa-apa. Pancen kudu ngono. Awit yen nekani undangan kanca-kanca kantor ajeg dijaluki sumbangan suwara emase. Nyanyi. Ngisin-isini tenan yen nulak kanthi pawadan durung isa utawa ora apal syaire. Salah sijine srana ya latihan. Gladhen nembang karaoke. Bisa neng omah apa neng papan cafe, resto end karaoke.
“Takkancani, Mas,” semantane nyonyahku nalika takcritani lek mlebu cafe & karaoke aku isih durung tatag.
“Tenan ta, Dhik? Sanuke sliramu malah wis tau mrana?” panyendhuku ngiras ngetes.
“Walah kok njur ngono Iho? Upama rana ya mesthi karo njenengan ta, Mas.”
“Ya wis, ning apike aja mung wong loro. Ngajak kanca-kanca plek Iiyane wae, Dhik.”
“Setuju, Mas. Kabeh sekalihan. Mas Sam, Mas Naryo, Mas Parlan karo... sapa neh, Mas?” panantange nyonyahku sajak sumangat banget.
“Wis kuwi ae! Lek akeh-akeh gilirane nyanyi kesuwen,” kandhaku nicil ayem bakal akeh sing ngancani. “Ayo kapan? Malem Minggu iki? Jam pira?” pangoyakku.
“Sik ta, sareh, Mas. Ora ya ngontak kanca-kanca mau, kersa apa ora?”
Asem kecut, nyonyahku pikirane Iantip tenan. Ora grusa-grusu. Bareng kanca-kanca Ian sok-sok ya mung karo Larasati, nyonyahku, meh kabeh papan karaoke takparani. Barata, Venus, Star, Quen, Jepun View, Lilur, Yes, Blue House, Greendly, Istana, Brangtayudha, Victory Ian Ilyane. Cafe and resto sing ana papan karaoke ajeg taknggo latihan. Eh, saiki wis ora latihan maneh. Malih dadi ajang ngembangke bakat. Ya bakat nyanyi ya bakat kemlinthi. Ya bakat nggaya Ian bakat sumugih. Pokoke pola uripku owah dadi kaum jetset Ian borjuis tenan. Karaoke wis dudu kepentingan nanging kebutuhan.
Wis ana puluhan lagu sing takkuwasani. Wiwit pop, campursari, jazz, regge, RB nganti dhangdhut. Asem kecut tenan. Ra ngira jebul aku isih duwe talenta dadi diva. Aku wis ora perlu dikancani sapa-sapa wis wani budhal ijen. Ora butuh kanca, apa maneh bojo. Jujur ae, aku wis pinter ngapusi bojoku. Kanthi pawadan rapat Ian kerja lembur utawa karaoke bareng kanca-kanca, Larasati ora tau ngurus neka-neka. Syarate mung siji, ubarampe utawa sajene kudu ganep. Gaji bruk methuthuk takpasrahne Laras. Kartu ATM Ian kode PIN ya wis takwenehne pisan.
“Peeeh... jian ra umum tenan, Dhik. Aku ngko nglembur nganti meh Magrib ndadak wis diaba lek bakda Isyak diajak rapat staf,” sambatku nyang Laras.
“Mas, eling. Kabeh mau krasa entheng yen ditandangi,” pangarih-arihe Laras kebak asih.
“Kok kaya sesuk ra ana dina,” kandhaku maneh. “Bagiyane anak-bojo trus apa lek awak dipadhakne mesin ngene iki?”
“Wis ta, Mas, diambil hikmahe wae. Lha kanggo ngopeni anak-bojo iya gaji kerjamu kuwi kok.”
Peeehh, jian asem kecut tenan, nyonyahku iki. Ora mbala aku ning malah mblesegne. “Kok sliramu malah ngujuk-ujuki ngono kuwi ta, Dhik?” isih gayaku sing jane asem kecut nggula legi iki.
“Kok kaya ra nate kerja lembur ae Iho, njenengan ki? Wis ta dilakoni wae. Ana wayahe kerja kliwat, ana kalane kudu refreshing. Suk emben lek wis dina Setu ta, Mas, gek malem Minggu nyang karaoken lek wis fresh.”
Asem kecut tenan! Iki ngedhem-dhem apa nyemoni. Apa Laras ngerti ya lek mengko bengi aku wis janjian karo Mas Jon arep karaoke neng Brangtayudha? Kaya biyasane mung Mas Jon iki sing ngancani aku karaoke kanthi sreg. Apa merga wis stel stereo apa pancen pinter njaga kertu rahasia masing-masing? Dadi seiya-sekata.
Sidane aku wis ana njero lawang karaoke Brangtayudha. Kawitane saruang dienggo karo Mas Jon. Suwe-suwe mbuh sapa sing ngakon ndadak cewek loro sing akhire takruhi jenenge Erna Ian Citra, purel Brangtayudha, mlebu sawise nothog lawang. Cewek sik remaja pantese yen mahasiswi semester 8. Asem kecut tenan, bocah kok lek manis kaya ngono. Sijine rambute sapundhak, klecam-klecem sajak piye nyawang aku. Gula legi tenan yen sijine iki. Ayune dipek dhewe! Yen ngguyu dhekik pipine.
Asem kecut tenan, Mas Jon terus nggandheng lengene Citra. “Mas, njenengan na kene ae karo Ema. Aku na ruwang sebelah,” semantane sajak masrahne Erna ana ruwanganku.
Aku mung nyauri “Ya” ngono wae. iki krana kena daya pangasihane Erna, sing kaya duwe daya sirep bisa nyeret naluri Ianangku tumuju kekarepane. Erna sing duwe daya sihir kasil nyirep akal pikirku supaya ambruk ing pangkone. Asem kecut tenan! Ganda parfume alon-alon ndayani pamikirku supaya katut iline banyu kayungyun kalamun datan tinemu rasa keduwung.
Ora rinasa anggonku nyanyi bareng Erna ngancik tekan urutan lagu kaping 11, saka 4 album. Embuh saiki jam pira, Ian piye kahanane ruwanganku sing lampune surem-surem diwangkara kingkin iki bisa ngajak aku Ian Erna linak-lijo, Ian anak lali bojo. Ora ana kedadeyan sing porno. Sumpahi!Asem kecut tenan, Erna jebul ora wani sembranan. Apa ngerti yen aku pejabat? Ing ruwangan karaoke iki ora ana pejabat, angel mbedakne karo penjahat. Sing ketara mung semat aliyas dhuwit.
Thoog...thog... !!
Thoogg...thogg...Thoogg!!
“Permisi... antar pesenan. . .“ suwarane cewek saka njaba Iawang ing antarane instrumen lagu-lagu regge sing taksetel wektu iki. Lagune John Marley “Klejingan Asyik, Klejingan.”
Tanpa mikir maneh, karepku mbukakne lawang. Aku ngadeg saka kursi mendut-mendut. Durung nganti jumangkah wis dipenggak Erna.
“Kula mawon ingkang mbikak, Mas,” swarane Erna sinambi mbalang liring nyang aku. Asem kecut tenan, iki gula legi. Kumudu-kudu takremus ae cewek ayu iki!
“Permisi, kula tumut nggabung nyanyi pareng nggih mbak?” kandhane wanita sing ora takpanglingi. Suwarane Larasati, nyonyahku. Ing mburine ana Mbak Yuni Ian Bu Narti. Kabeh kanca kantorku.
Asem kecut tenan! Sumlengeren tenan aku! Aku mung bisa ambruk, angIuh, Iungguh maneh ing kursiku sakawit. Klemun-klemun sirahku. Kumonang panyawangku ambyar. Lambekku kaya digembok patang puluh cacahe. Meneng, mingkem, cep klakep kaya jangkrik diplithis rodha sepur! Asem kecuuut!!
“Tenang kemawon Bapak, kula namung nunut nyanyi lagu niki kok,” kandhane Laras sajak kaya ora ngenali maneh aku iki bojone. “Mari Mbak, lagu rege asyik. Duet yoookk..!!” Larasati sajak kepenak tanpa beban apa-apa duet karo Erna. Erna iya katon enjoy wae. Asem kecut tenan!
“Sampun, Bapak, sampun. Kula won-ten ruwang sebelah kemawon,
Bapak. Maturnuwun, njenengan lajengaken seneng-seneng berdua, Bapak,” kandhane
Larasati ngulungne mik terus nyalami aku Ian Erna. Asem kecut tenan!
Aku isih kamitenggengen nalika Larasati nutup lawang ruwanganku karaoke sareh banget. Aku yakin neng njaba ruwangan iki Larasati kanthi pangigit-igit nyekel gandhen apa palu alugara nggo ngepruk sirahku apa dheplokan lombok abang saklemper nggo ngrawus raiku??? Mbuh, asem kecut’ (Cuthel).
Sumber :
Modul Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017
Aku isih kamitenggengen nalika Larasati nutup lawang ruwanganku karaoke sareh banget. Aku yakin neng njaba ruwangan iki Larasati kanthi pangigit-igit nyekel gandhen apa palu alugara nggo ngepruk sirahku apa dheplokan lombok abang saklemper nggo ngrawus raiku??? Mbuh, asem kecut’ (Cuthel).
Sumber :
Modul Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar